Contoh Artikel Basa Jawa KENDHUREN, APA WIS AREP ILANG
KENDHUREN, APA WIS AREP ILANG?
Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran Kendhuren. Kendhuren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut gawe, kudu diKendhureni. Upacara Kendhuren mono ancase kanggo nggayuh kaslamatan. Muga Kendhuren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud Kendhuren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.
Miturut Herusatoto ( 1991), Kendhuren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan lakuning upacara Kendhuren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, Kendhuren iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.
Sejatine kapan Kendhuren wiwit ditindakake dening wong Jawa? Tekan saiki ora ana wong kang ngerti kanthi premati. Sing cetha, tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama Islam ing tanah Jawa (abad 14-15), wujud lan mantrane Kendhuren diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara Islam. Mula sing kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo donga-donga Islam saka Qur’an utawa Hadist. Dadi Kendhuren saiki mono sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah.
Apa maneh jamane wis modheren kaya saiki.
Terima Kasih Telah Berkunjung, Silahkan Share Contoh Artikel Persuasif Yang Menarik ke Media Sosial untuk berbagi manfaat dan kebaikan
Post a Comment